Rabu, 28 November 2012

Bale Sigalagala


Prabu Pandu kagungan sedulur loro. Sing sepuh asma Drestharastha, sing enom asma Yuma Widura. Putrane Prabu Pandu cacahe lima lanang kabeh, dianrrani Pandhawa. Drestharastha kagungan putra cacah satus diarani Sata Kurawa. Nalika Prabu Pandhu seda sing nggenteni dadi ratu Drestharastha. Besuk yen Pandhawa wis dewasa negara Ngastina bakal dipasrahake Pandhawa.
Kurawa kepengin nguwasani Negara Ngastina. Bola-bali nggawe cara supaya Pandhawa mati, nanging tansah gagal. Sawijining dina Kurawa sing gedhe dewe aran Duryudana ndeseg wong tuwane supaya dililani mateni Pandhawa. Duryudana kuwatir yek Pandhawa nguwasani Negara Ngastina ora wurung Kurawa dadi reh-rehane. Duryudana sasedulur ora seneng yen diprentah Pandhawa.
Drestharastha ora cocog karo karepa anake. Panemune Duryudana nyimpang saka watake satriya utama. Duryudana nekad. Kanthi dhedhelikan Duryudana gawe pasanggrahan ing Waranawata. Pasanggrahan digawe saka pring ing jerone diiseni damar pamrihe supaya gampang kobong. Mula banjur diarani Bale Sigalagala. Bale sing isine gala. Sawise bale dadi Duryudana ngajak Puntadewa, Bratasena, Permadi, Nakula lan Sadewa mlaku-mlaku ing desa-desa. Alesane kanggo ngerteni panguripane wong cilik sadurunge Pandhawa nyekel negara Ngastina. Yen kesel mengko leren ing Waranawata wis digawekake bale kanggo masanggrah.
Kalakon Pandhawa lan ibune yaiku Dewi Kunthi, ngerteni panguripane wong cilik ing desa-desa, banjur ngaso ing bale pasanggrahan. Nalika lagi ngaso ana utusane Yama Widura arane Kanana, aweh ngerti yen balene bakal diobong. Sing arep ngobong kangkonane  Duryudana arane Purocana. Pandhawa ora kuwatir sebeb Kanana nggawekake trowongan kanggo mlayu yen sawanci-wanci baleen kobong.
Bale pasanggrahan diobong, geni saya ndadi. Pandhawa lan ibune mlayu liwat trowongan, ngerti-ngrti jebul ing tengah alas. Pandhawa satriya utama slamet saka laku alane Duryudana sasedulur.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar