Sabtu, 10 November 2012

Mula Bukane Demak


Mbok Randha kang numpak lesung amarga banjir saka sada lanang kang dijabut dening Baru Klinthing, anggone numpak lesung tekan saparan-paran. Lekune Mbok Randha kang tanpa daya kasebut lumaku mangalor nut ombaking banyu. Mbok Randha isih kelingan apa kang diwelingke Baru Klinting, yen ana banjir bandhang supaya numpak lesung lan enthok minangka welahan utawa ndayung. Lesung ditumpaki kaya dene prau, dene enthok dadi welahan, kaya dene welahan prau kang sabenere.
            Anggone numpak lesung kang kaya prau kasebut, ora krasa wis tekan papan panggonan kang sepi, adoh parane saka papan sakawit. Mlkayune prau mangalor terus saka papan kawitane banir. Lakune wis suwe nganthi pirang-pirang dina. Weteng luwe ora dirasa, pancen wayahe banjir ora ana kang dodol sega lan jajan liyane. Amarga saking kesele lan pegele, mula tangane Mbok Randha nyawuk banyu arep kanggo ngombe. Kanthi ora sengaja ndemek lemah lemah  utawa daratan. Prau kang ditumpaki uga kandhas. Amarga praune ora gelem mlaku lan kandhas, mula lakune Mbok Randha mung tekan semene wae.
            Tangane Mbok Randha ndemek lemah mau, banjur Mbok Randha ngendika “yen ana rejane jaman, papan panggonan iki dakjenengke Demek.” Kanthi lira-lirune  pangucapan ing saben dinane, tembung Demek wusana dadi Demok lan Demak.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar