Sabtu, 10 November 2012

Kancil lan Keong

Kancil nduweni watak gumedhe, amarga ngendhelake playune. Watak kang kaya mangkono ora disenengi kewan liyane, amarga kancil ora bisa kakancan marang kewan liyane. Salah sijine dina, kancil nantang balapan mlayu karo keong. Keong saguh, mula digawe cara supaya bisa ngalahake kancil kang gumedhe mau. Wusana keong padha kumpul lan baris sadhawane dhalan kang kanggo balapan mlayu. Lagi wae kancil mlayu, keong wis tekan panggonan kang dituju. Kancil kalah balapan, banjur isin mlayu saparan-paran.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar